Assalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil”alamin, washolatwasalamu”ala asrofil ambiya
iwal mursalin wa’ala alihi waashabihi ajma’in. amma ba'du
Ibu Kadus
Jopaten ingkang kito hormati
Ibu Hajah
Suyatmi ingkang kulo hormati
Ibu-ibu anggota
PKK Dusun Jopaten ingkang dipunrahmati
Allah.
Langkung rumiyin
monggo kito tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah Swt
ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan saenggo kito saget kempal
manunggal kanthi wilujeng wonten ing
musola Al ikhlas mriki.
Solawat soho
salam mugi tansah katetepno dhumateng Nabi Muhammad Saw lan mugi liko kalebetno
umat ingkang pikantuk syafaat ing hari akhir mbenjang. Aamiin.
Ibu-ibu ingkang kulo hormati.
Sakderengipun acara kito awiti badhe kulo waosaken acara ing sonten meniko
- Pembukaan
- Menyanyikan mars PKK
- Kultum
- Inti Pepanggihan saking
Ibu Kadus soho arisan
- Lain-lain
- Penutup
Ibu-ibu acara ingkang
sepisan inggih meniko pambuko. Sumonggo acara sonten meniko kito bikak kanthi waosan
basmalah sesarengan.
Bismilahirrohmanirrohim.
Matur nuwun.
Acara
saklejengipun inggih meniko menyanyikan lagu PKK dhumateng Ibu..... kito
sumanggaaken
Mekaten lagu
mars PKK ingkang sampun dipun pimpin
Ibu....
Acara
saklajengipun inggih meniko kultum. Dhumateng Ibu Hajah Suyatmi kito
sumanggaken.
Kito aturaken
agunging panuwun dhumateng Ibu Suyatmi ingkang sampun paring kultum ing sonten meniko. Mugi-mugi
kito saged nindakaken kabecikan ingkang sampun dipun aturaken wau. Lan mugi Ibu
Suyatmi pikantuk lelintu ganjaran ingkang sakmurwatipun.
Ibu-ibu acara
saklajengipun inggih meniko inti pepanggihan lan arisan. Dumateng Ibu kadus
soho Ibu Nur kito sumanggaaken.
Mekaten acara inti pepanggihan ingkang sampun
dipun isi pangandikan saking ibu Kadus soho arisan.
Ibu-ibu ingkang
kulo hormati’
Acara
saklajengipun inggih meniko lain-lain. Mbok bilih acara lain-lain mboten wonten
sumonggo acara kito lajengaken ingkang pungkasan inggih meniko panutup.
Sakderengipun acara dipun tutup mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahinng
acara kathah kalepatan kulo tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Sumonggo acara
kito tutup kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahhirobbil alamin
Wassalamualaikum.
Wr.wb.