Rabu, 06 Juni 2018

MC Arisan Basa Jawa



Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil”alamin, washolatwasalamu”ala asrofil ambiya iwal mursalin wa’ala alihi waashabihi ajma’in. amma ba'du

Ibu Kadus Jopaten ingkang kito hormati
Ibu Hajah Suyatmi ingkang kulo hormati
Ibu-ibu anggota PKK  Dusun Jopaten ingkang dipunrahmati Allah.

Langkung rumiyin monggo kito tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah Swt ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan saenggo kito saget kempal manunggal kanthi wilujeng wonten ing  musola  Al ikhlas mriki.
Solawat soho salam mugi tansah katetepno dhumateng Nabi Muhammad Saw lan mugi liko kalebetno umat ingkang pikantuk syafaat ing hari akhir mbenjang. Aamiin.
 Ibu-ibu ingkang kulo hormati.

 Sakderengipun acara kito awiti  badhe kulo waosaken acara ing sonten meniko
  1. Pembukaan
  2. Menyanyikan mars PKK
  3. Kultum
  4. Inti Pepanggihan saking Ibu Kadus soho arisan
  5. Lain-lain
  6. Penutup
Ibu-ibu  acara ingkang sepisan inggih meniko pambuko. Sumonggo acara sonten meniko kito bikak kanthi waosan basmalah sesarengan.
Bismilahirrohmanirrohim.
Matur nuwun.

Acara saklejengipun inggih meniko menyanyikan lagu PKK dhumateng Ibu..... kito sumanggaaken

Mekaten lagu mars PKK  ingkang sampun dipun pimpin Ibu....
Acara saklajengipun inggih meniko kultum. Dhumateng Ibu Hajah Suyatmi kito sumanggaken.

Kito aturaken agunging panuwun dhumateng Ibu Suyatmi ingkang sampun  paring kultum ing sonten meniko. Mugi-mugi kito saged nindakaken kabecikan ingkang sampun dipun aturaken wau. Lan mugi Ibu Suyatmi pikantuk lelintu ganjaran ingkang sakmurwatipun.

Ibu-ibu acara saklajengipun inggih meniko inti pepanggihan lan arisan. Dumateng Ibu kadus soho Ibu Nur kito sumanggaaken.

 Mekaten acara inti pepanggihan ingkang sampun dipun isi pangandikan saking ibu Kadus soho arisan.
Ibu-ibu ingkang kulo hormati’
Acara saklajengipun inggih meniko lain-lain. Mbok bilih acara lain-lain mboten wonten sumonggo acara kito lajengaken ingkang pungkasan inggih meniko panutup. Sakderengipun acara dipun tutup mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahinng acara kathah kalepatan kulo tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Sumonggo acara kito tutup kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahhirobbil alamin
Wassalamualaikum. Wr.wb.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar